ini

LIHAT INI JUGA YA

COBA DISINI

KLik ya..

MELAYANG





Tiyang Asing ing Dunya

khutbah Jum'ah basa jawi tumrap kadang pedesaan
Kumpulan khutbah basa jawi 


إِنَّ الْحَمْدَ لِلَّهِ نَحْمَدُهُ وَنَسْتَعْيِنُهُ وَنَسْتَغْفِرُهُ وَنَسْتَهْدِيْهِ وَنَعُوْذُ بِاللهِ مِنْ شُرُوْرِ أَنْفُسِنَا وَ سَيِّئَاتِ أَعْمَالِنَا , مَنْ يَهْدِهِ اللهُ فَهُوَ الْمُهْتَدُّ وَمَنْ يُضْلِلْهُ فَلاَ هَادِيَ لَهُ , وَأَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمِّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ
أَللَّهُمَّ صَـلِّ وَسَـلِّمْ وَبَارِكْ عَلَيْهِ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ أَجْمَعِيْنَ
 يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلا تَمُوتُنَّ إِلاَّ وَأَنْتُمْ مُسْلِمُونَ
يَا أَيُّهَا النَّاسُ اتَّقُوا رَبَّكُمُ الَّذِي خَلَقَكُمْ مِنْ نَفْسٍ وَاحِدَةٍ وَخَلَقَ مِنْهَا زَوْجَهَا وَبَثَّ مِنْهُمَا رِجَالاً كَثِيراً وَنِسَاءً وَاتَّقُوا اللَّهَ الَّذِي تَسَاءَلُونَ بِهِ وَاْلأَرْحَامَ إِنَّ اللَّهَ كَانَ عَلَيْكُمْ رَقِيباً
يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ وَقُولُوا قَوْلاً سَدِيداً ,  يُصْلِحْ لَكُمْ أَعْمَالَكُمْ وَيَغْفِرْ لَكُمْ ذُنُوبَكُمْ وَمَنْ يُطِعِ اللَّهَ وَرَسُولَهُ فَقَدْ فَازَ فَوْزاً عَظِيماً
. أَمَّا بَعْدُ:
Jamaah jum’ah rakhimaniy wa rakhimakumullah,…
mangga kita tindakkaken takwa dumateng Allah Ta’ala kanti njagi shalat gangsal wekdal sarta nglampahi kanti luhure kataatan. Sampun kita sumerepi bilih saktemene shalat cagakipun agama. Mila,.. mboten jejeg agamanipun satunggaling tiang kang ninggalkaken shalat lan deweke mboten angsal ganjaran mu’min kang dikersakake dening gusti Allah. njejegkaken shalat dados satunggaling rukun iman lan  ninggalkaken dados kekufuran….
 mila, sinten kemawon ingkang njagi shalatipun, mila manahipun kebak cahya, mekaten ugi ing wajahipun lan kuburanipun, tuwin nalika dikumpulkaken ing Mahsyar, deweke kaparingan keslametan ing dinten kiamat. panjenenganipun bakal dikumpulkake bebarengan tiyang-tiyang ingkang diparingi kanikmatan dening Allah Ta’ala kados para nabi, shiddîqîn, syuhadâ` lan shâlihîn. Ananging kosok wangsulanipun, sinten kemawon ingkang mboten njagi shalatipun, deweke mboten kaparingan cahya lan keslametan ing dinten kiamat, lan ing akhirat panjenenganipun bakal dikumpulkaken ing papane Fir`aun, Hâmân, Qârûn, tuwin Ubai bin Khalâf.
Jama’ah jum’at rakhimaniy wa rakhimakumullah….
Saktemene cilaka lan rugi tiyang ingkang saben undangan babagan pagesangan dunya, kanti caket panjenenganipun anekani ananging nalika muadzin ngundang ing margi Allah Ta’ala hayya alas shalâh saha hayya ala falâh,  panjenenganipun ngraos awrat dipun tambah mlengos.
وعن ابن عمر رضي الله عنهما- قال: أخذ رسول الله صلى الله عليه و سلم بمنكبي فقال: كن في الدنيا كأنك غريب، أو عابر سبيل وكان ابن عمر رضي الله عنهما يقول: إذا أمسيت فلا تنتظر الصباح، وإذا أصبحت فلا تنتظر المساء، وخذ من صحتك لمرضك، ومن حياتك لموتك. رواه البخاري.
 saking Ibnu Umar radhiallohu ‘anhuma sliranipun ngendika: Rosululloh shollallohu ‘alaihi wa sallam kanti cecadhakan pundak kawula kanti ngendika, “dadekna ing dunya kaya wong asing munapa musafir.”
Ibnu Umar anerangkaken: “nalika ing sore ora nunggu tumekane esok lan nalika ing wektu esok ora nunggu tumekane sore. Ngisi  mangsa sehat sadurunge sakit lan mangsa urip sakdurunge mati.” (HR. Bukhori)
  
  Hadits niki hadits ingkang dipun riwayatkaken dening Ibnu Umar kanti nasihat kanjeng nabi shollallohu ‘alaihi wa sallam ... Hadits niki anggesangkaken jalaran wontenipun peringatan nebihi awak saking tipuan dunya, masa muda, masa sehat, umur lan sanesipun.
           Nalika  kita amahami hadits niki mila waget dipun pendet wasiat penting… ingkang sesuai kahanan manungsa… Sakjatosipun manungsa ing awal pagesangan wonten ing suwarga banjur mandap ing bumi niki dados coba,….  mila manungsa kados tiyang asing munapa musafir ing pagesangan dunya menika. Mandapipun ing dunya menika anamung dados coba munapa panjenenganipun taat munapa ingkar,…... panjenenganipun iman munapa kafir,…  banjur bakal mantuk ing papan sakjatosipun,.. kampung ingkang saestunipun….  injih menika suwarga ingkang kacawiskaken tumrap ingkang anderek babagan keimanan, ketakwaan, tauhid lan keikhlasan dumateng gusti Allah. Banjur ingkang ingkar,.. ingkang sasar,…. Ingkang Kafir,.. mila panjenenganipun tebih saking rel ingkang lurus,.. tebih saking ridhanipun Allah,… ingkang akhir papanipun injih menika neraka ingkang nglebur sedayanipun,…

 Menawa kita angrenungkaken babagan menika, mila kita simpulakaken bilih tiyang muslim ingkang hakiki tansah engetkaken nafsunipun lan andidik kanti prinsip bilih kampong tujuanipun suwarga, mboten ing dunya menika. Panjenenganipun kados tiyang asing munapa musafir kados ingkang dipun wulangkaken dening kanjeng rasul shollallohu ‘alaihi wa sallam.

            Tiyang muslim tansah mertaubat lan tawadhu marang gusti Alloh jalla wa ‘ala. Manahipun tansah gumantung dunateng gusti Allah, sae ing pangajeng, seneng, kuatir, lan kataatan. Manahipun tansah gegayutan kalawan negari ingkang kebak kamulyan negari ing langgeng injih menika suwarga. Panjenenganipun mersani bilih suwarga kados-kados ing ngajeng paningalipun. Panjenenganipun gesang ing dunya kados tiyang asing munapa musafir. tiyang ingkang teteg imanipun kados-kados ing kahanan asing munapa musafir mboten  kepencut,… kasemsem,… kasupen,… kasasar…. nalika gesang ing dunya. Jalaran tiyang asing mboten ngraos seneng lintunipun nalika mantuk pepanggihan kaliyan kulawarga.. Musafir tansah ngrampungkaken sedaya urusan sahingga lekas asaget mantuk lan tansah waspada ing perjalanan...

            Mekaten  hakikat pagesangan dunya. Nabi Adam ingkang awalipun manungsa ingkang gesang banjur seda. banjur kasusul  Nabi Nuh ingkang ingkang gesang 1000 tahun banjur kejaden sakpiturusipun ngantos kurang,
فَلَبِثَ فِيهِمْ أَلْفَ سَنَةٍ إِلَّا خَمْسِينَ عَاماً
“Mangka slirane gesang ing antane kaume sewu taun kurang gangsal dasa tahun.” (QS. Al Ankabut: 14)
sakbanjure ing zaman iku. Banjur tumeka kaum ingkang ingkang gesang  reratus taun. Banjur tumeka kaum kanti gesang 100 tahun, 80 tahun, 40 tahun 50 tahun lan sakpirutusipun...

Hakikatipun panjenenganipun tiyang asing munapa musafir. Panjenenganipun tumeka ing dunya banjur nilarkaken. Pati bakal meruhi sedaya tiyang. Wajib tumrap sedaya tiyang waspada lan ngeningkaken... Musibah ingkang gede niki …. Katah ingkang supa saking hakikat niki,.. supe saking sangunipun mantuk ing papan mantukipun…
 Mugi  Alloh subkhana Wata’ala maringi nikmat tumrap kita sahingga amahami hakikat dunya niki, bilih dunya dados negari ingkang kebak ujian, negari papan usaha, negari ingkang sakwetara kemawon mboten langgeng, yekti ati kita dados sehat… pikiripun wening… tumindak ketaatanipun dipun tindakkaken kanti nyata,..

ananging nalika supe babagan akhiratipun,…. Supe babagan pangupayan kagem akhiratipun….. temen panjenenganipun sapun rugi,…. Lan mboten mboten angsal pitulungan lintunipun saking gusti Allah subkhana Wata’ala.. mugi gusti Alloh paring penyadaran tumrap kita sami..

saking Ibnu Umar rodhiallohu ‘anhuma ngucap kanti wasiat,
إِذَا أَمْسَيْتَ فَلاَ تَنْتَظِرِ الْصَبَاح، وَإِذَا أَصْبَحْتَ فَلاَ تَنْتَظِرٍ الْمَسَاء
“nalika sira ing sore mila ora nunggu tumekane isuk lan nalika sira ing isuk ora nunggu tumekane sore.”
 Injih menika supados kita tansah waspada babagan pati ingkang tumeka tanpa kanyana.  Mila kita kedah siap ing wektu menawa kemawon..
      Mangga kita tansah inget babagan pati niki,. Kanti tansah nginget hak Alloh…. Nalika Ngibadah, mila panjenenganipun nindakkaken hak Alloh kanti ikhlas... menawa paring nafkah tumrap keluarganipun, mila panjenenganipun nindakkaken kanti ikhlas lan sesuai kanti syariat… nindakkaken kanti ikhlas tuwin tansah ngajeng-ajeng rezeki ingkang halal. Saben kegiatan ingkang panjenenganipun laksanakaken, tansah kalandasan kanti ilmu... kalandasan kanti naati aturan agama…  mekaten kautamen tiyang ingkang anggadahi ilmu,.. banjur tansah taat kantui hukum syariat. Nalika supe banjur nindakkaken dosa lan kesalahan, mila kanti segera panjenenganipun anyuwun ampunan…. Ibnu Umar rodhiallohu ‘anhuma ngendika:
وَخُذْ مِنْ صِحَتِكَ لِمَرَضِكَ، وَمِنْ حَيَاتِكَ لِمَوْتِكَ.
“lan gunakna mangsa sehatmu sakdurunge lara lan mangsa uripmu sakdurunge mati.” (HR. Bukhori)
 
بَارَكَ الله لِيْ وَلَكُمْ فِي الْقُرْآنِ الْكَرِيْمِ، وَنَفَعَنِيْ وَإِيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ الْآيَاتِ وَالذِّكْرِ الْحَكِيْمِ. أَقُوْلُ قَوْلِيْ هذا وَأَسْتَغْفِرُ اللهَ لِيْ وَلَكُمْ وَلِسَائِرِ الْمُسْلِمِيْنَ مِنْ كُلِّ ذَنْبٍ، فَاسْتَغْفِرُوْهُ إِنَّهُ هُوَ الْغَفُوْرُ الرَّحِيْمُ






Khutbah II :
الْحَمْدَ لِلَّهِ نَحْمَدُهُ وَنَسْتَعِيْنُهُ وَنَسْتَغْفِرُهْ وَنَعُوذُ بِاللهِ مِنْ شُرُوْرِ أَنْفُسِنَا وَمِنْ سَيِّئَاتِ أَعْمَالِنَا، مَنْ يَهْدِهِ اللهُ فَلاَ مُضِلَّ لَهُ وَمَنْ يُضْلِلْ فَلاَ هَادِيَ لَهُ. وَأَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ.
Sedaya wastuti katur dumateng Allah, tuwin raos syukur katur dumateng Allah tuwin kawula anyekseni bilih mboten wonten sesembahan ingkang berhak disembah lintunipun gusti Allah Subkhana Wa Ta’ala, mboten wonten tetandingan munpa kemawon, tuwin kawula anyekseni bilih Muhammad dados kawula tuwin Rasul, mugi shalawat saha salam tansah katur tumrap sliranipun,tumrap keluarganipun saha para sahabatipun.
Kaum muslimin rakhimaniy wa rakhimakumullah
Kita gesang ing dunya niki caket sanget, nalika kanikmatan  sampun mlampah, banjur kaganti kanikmatan sanes, pramila kita kapurih mboten  repot babagan padunyan…  kejaba kados munapa… repotipun tiang rantau ingkang anyiapkaken bekal mantuk ing keluarganipun,.. jalaran tiyang ingkang iman, wonten ing kalih bab babagan raos kuatir : kuatir babagan dosa ingkang sampun kalampahan kados munapa piwalesipun gusti Allah, tuwin tuwin tumekanipun pati ingkang panjenenganipun mboten sumerep ing papan pundi panjenenganipun mantuk,… 
gusti Allah paring perintahkantumrap kita tansah shalawat kalawann salam katur kanjeng nabi…

اَللَّهُمَّ صَلِّ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ مُحَمَّدٍ كَمَا صَلَّيْتَ عَلَى إِبْرَاهِيْمَ وَعَلَى آلِ إِبْرَاهِيْمَ إِنَّكَ حَمِيْدٌ مَجِيْدٌ وبارك عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ مُحَمَّدٍ كَمَا بَارَكْتَ عَلَى إِبْرَاهِيْمَ وَعَلَى آلِ إِبْرَاهِيْمَ إِنَّكَ حَمِيْدٌ مَجِيْدٌ

اللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلَى عَبْدِكَ وَرَسُوْلِكَ مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَأَصْحَابِهِ أَجْمَعِيْنَ. اللَّهُمَّ أَعِزَّ اْلإِسْلاَمَ وَالْمُسْلِمِيْنَ وَأَذِلَّ الشِّرْكَ وَالْمُشْرِكِيْنَ. وَدَمِّرْ أَعْدَاءَ الدِّينِ، وَانْصُرْ عِبَادَكَ الْمُوَحِّدِينَ، اللَّهُمَّ أَصْلِحْ أَحْوَالَ الْمُسْلِمينَ فِي كُلِّ مَكَانٍ،
 . رَبَّنَا آتِنَا فِي الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِي الْآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ. سُبْحَانَ رَبِّكَ رَبِّ الْعِزَّةِ عَمَّا يَصِفُونَ وَسَلَامٌ عَلَى الْمُرْسَلِينَ وَالْحَمدُ لِلهِ رَبِّ الْعَالَمِيْنَ.



materi khutbah bahasa jawa lengkap 1 tahun

0 Response to "Tiyang Asing ing Dunya"

Post a Comment

MELAYANG

KLik ya..