ini

LIHAT INI JUGA YA

COBA DISINI

KLik ya..

MELAYANG





Seimbangipun Pagesangan Dunya lan Akhirat

Khutbah jum'at Bahasa Jawa Seimbangipun Pagesangan Dunya lan Akhirat

إنَّ الْحَمْدَ لِلَّهِ نَحْمَدُهُ وَنَسْتَعِينُهُ وَنَسْتَغْفِرُهُ وَنَعُوذُ بِاللَّهِ مِنْ شُرُورِ أَنْفُسِنَا وَمِنْ سَيِّئَاتِ أَعْمَالِنَا مَنْ يَهْدِهِ اللَّهُ فَلَا مُضِلَّ لَهُ وَمَنْ يُضْلِلْ فَلَا هَادِيَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنْ لَا إِلَهَ إِلَّا اللَّهُ وَحْدَهُ لَا شَرِيكَ لَهُ وَ أَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُولُهُ
يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُواْ اتَّقُواْ اللّهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوتُنَّ إِلاَّ وَأَنتُم مُّسْلِمُونَ.
يَا أَيُّهَا النَّاسُ اتَّقُواْ رَبَّكُمُ الَّذِي خَلَقَكُم مِّن نَّفْسٍ وَاحِدَةٍ وَخَلَقَ مِنْهَا زَوْجَهَا وَبَثَّ مِنْهُمَا رِجَالاً كَثِيراً وَنِسَاء وَاتَّقُواْ اللّهَ الَّذِي تَسَاءلُونَ بِهِ وَالأَرْحَامَ إِنَّ اللّهَ كَانَ عَلَيْكُمْ رَقِيباً.
يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ وَقُولُوا قَوْلاً سَدِيداً . يُصْلِحْ لَكُمْ أَعْمَالَكُمْ وَيَغْفِرْ لَكُمْ ذُنُوبَكُمْ وَمَن يُطِعْ اللَّهَ وَرَسُولَهُ فَقَدْ فَازَ فَوْزاً عَظِيماً
 أما بعد
Kaum muslimin jamaah Jumat ingkang dipum rahmati Allah Subkhana WaTa’ala
Sedaya puji syukur katur dumateng Allah Subkhana Wa Ta’ala ingkang sampun paring anugerah tumrap kita sami kanti mawarni kanikmatan ingkang katah sanget saking kita nalika ing rahim ibu kita, ngantos ing wekdal menika... Allah Subhanahu wa Ta’ala ngendika,
وَإِنْ تَعُدُّوْا نِعْمَةَ اللهِ لَا تُحْصُوْهَا إِنَّ اللهَ لَغَفٌوْرٌ رَحِيْمٌ
menawa sira ngitung-itung nikmat Allah, yekti sira ora  mampu ngitungi. Saktemene gusti Allah Maha Pengampun kalawan  Maha Penyayang.” (QS. An-Nahl: 18)

Dawuhipun Allah Subhanahu wa Ta’ala asering kita mireng, ngantos-ngantos asringipun sahingga mboten damel geteripun ing ati kita. Ananging napa kita nate nyobi angrenungkaken nikmat-nikmat Allah ingkang sampun kita kecap, sampun kita raoskaken, sampun kita telaskaken.. banjur dipunwsuwuni biaya…. dipun suwuni tanggungjawabpipun, tentu kemawon kita mboten sanggup nebusi,… mboten sanggung njangkepi… saben organ kita owah kanti dinamis… owah kanti asri,….. owah kanti lancar. Mboten sanes jalaran ijinipun kalawan anugrah ingkang dipun paring gusti Allah… sahingga mugi sedaya puji syukur tansah katur dumateng Allah mekaten iku sedaya ibadahipun kita dipun kersakaken pangeran… mertaubatipun kawulanipun dipun kersakaken.. nilarkaken kemaksiatan dados wujud ketaatanipun satunggaling kawula….

Mugi Shalawat dan salam tansah katur dumateng kanjeng nabi Muhammad shallallahu ‘alaihi wa sallam, sarta keluarganipun, sahabat kalawan pengikutipun ngantos akhir zaman.

Kaum muslimin jamaah Jumat ingkang dipunrahmati dening Allah
   takwa dados parameter kesaenan satunggaling kawula.... dados ukuran kesaenan satunggaling kawula  ing sisih gusti Allah.... Allah Subhanahu wa Ta’ala dawuh,
إِنَّ أَكْرَمَكُمْ عِنْدَ اللَّهِ أَتْقَاكُمْ
Saktemene  wong kang paling mulya ing sisih gusti Allah ing antarane sira yaiku wong kang paling takwa…” (QS. Al-Hujurat: 13)
 Allah Subhanahu wa Ta’ala paring katah paribasan kalawan cariyos kanti kisah-kisah umat ingkang riyin  ing Alquran… sahingga kita saget mendet pelajaran. Ing antawisipun kisah ingkang gusti Allah pratelakaken babagan kisah Qarun,… menika salah satunggaling tiyang ingkang  babagan padunyan, ananging jalaran sombong katambah sape babagan akhiratnya akhiratipun sahingga dening gusti Allah di kirim gempa ingkang ageng sahingga mendem deweke ngantos sedaya bala kalawan banda-bandanipu… katambah malih siksanipun ing akhirat,..  Naudzubillah…
Ing rangkaian kisah Qarun ing  surat Al-Qashash, gusti Allah bade mulangkaken tumrap kita kepripun  semestinipun satunggaling tiyang damel seimbang babagan dunya kalawan akhiratipun. Allah dawuh,
وَابْتَغِ فِيمَا آتَاكَ اللَّهُ الدَّارَ الْآخِرَةَ وَلَا تَنسَ نَصِيبَكَ مِنَ الدُّنْيَا وَأَحْسِن كَمَا أَحْسَنَ اللَّهُ إِلَيْكَ وَلَا تَبْغِ الْفَسَادَ فِي الْأَرْضِ إِنَّ اللَّهَ لَا يُحِبُّ الْمُفْسِدِينَ
lan sira goleka apa kang wus dianugerahkake dening gusti Allah tumrap sira (kanti kabegjan) negari akhirat, lan sira aja nglalekake bagian ira  (kanikmatan) duniawi lan damel kasenan  (ing antarane ira) kaya kang wus pangeran tindakkake tumrap ira, lan sira aja gawe  kerusakan ing bumi. Saktemene gusti Allah ora nyenengi wong-wong kang gawe kerusakan.” (QS. Al-Qashash: 77)
Ayat niki paring penjelasan prinsip ingkang agung, damel selarasipun antaranipun pagesangan ing dunya kalawan akhirat... damel kasaenan ing dunya kagem anggayuh akhirat… ananging uga kanti ngupaya kanti kesaenan njeput rezki ingkang dipun sebar dening Allah,…
     Sahingga  kita ingkang muslim  mugi tansah ngupaya kagem  akhiratipun. Jalaran akhirat dados kampung tujuan ingkang langeng,… papan kumpulipun sedayanipun manungsa saking awal ngantos akhir zaman sakmangke.… papan pengadilan ingkang ambedakaken ingkang taat munapa ingkang ingkar,…

    Babagan bagianipun nikmat kadunyan dipun upaya kanti secukupipun gesang,… mboten tamak kalawan nikmat kadunyan…. ingkang intinipun anamung anyiapkaken dinten enjing nalika taksih kaparingan wekdal gesang… aneruskaken nafas ingkang taksih kasisa,… jalaran saben manungsa sampun katetepkaken jumlah nimatipun,… jumlah umuripun… wekdal ing dunya menika anamung dados sawahipun ngumpulkaken sangu kagem mantuk…. Sangu kagem kumpul kalawan sederek-sederkipun,… sahingga temen nandang kabegja panjenenganipun ingkang sadar,…
 kosok wangsulanipun,… temen patunan ingkang gede nalika panjenenganipun supe kalawan pangupayan kagem akhiratipun,….. sanajyan kerabatipun katah,… banda nipun katah mboten saget nulungi nalika ing pengadilan akhirat sakmangke…

Allah Subhanahu wa Ta’ala paring panjelasan kanti perbandingan   antaranipun pagesangan ing dunya lan akhirat,
وَإِنَّ يَوْمًا عِنْدَ رَبِّكَ كَأَلْفِ سَنَةٍ مِمَّا تَعُدُّونَ
Saktemen sedina ing sisih Pangeran ira kaya sewu  tahun itungan ira.” (QS. Al-Hajj: 47)

Jamaah Jum’ah akhimaniy wa rakhimakumullah…!
   Mangga kita saming  grenungkake,… temen sekedik sanget wekdal kita ing dunya menika…!  Banjur munapa kita bade  ngorbankaken wekdal ing dunya kanti kasenangan ingkang sedela,… ingkang akhiripun  darita ingkang mboten kawatesan nalika ing akhirat sak mangke….. Munapa  kita purun ikhlas sekedap ing dunya menika…, darita sekedap ing dunya menika… kanti nahan syahwat kita,….. nahan nefsu kita,… sahingga anggayuh kabegjan ingkang langgeng abadi ing akhirat sakmangke….. Tiyang  ingkang anggadahi akal,…. Tiyang  ingkang anggadahi fitrah ingkang lempeng,… tentu kemawon panjenenganipun amilih ngupaya ing pagesangan dunya kagem njemput kabegjan ing akhirat…. Panjenenganipun mboten ngejarkaken setan damel supe  panjenenganipun terus-terusan…. damel sasar  panjenenganipun terus-terusan….
            Mugi kita tansah eling kalawan waspada... banjur  ingkang taat gusti Allah kalawan anderek pawulang rasulipun… dening kajeng  Rasulullah shallallahu ‘alaihi wa sallam medar sabda,
أَعْدَدْتُ لِعِبَادِيَ الصَّالِحِيْنَ مَا لَا عَيْنٌ رَأَتْ وَلَا أُذُنٌ سَمِعَتْ وَلَا خَطَرَ عَلَى قَلْبِ بَشَرٍ....
Ingsun wus nyiapkake tumrap kawula-kawuala ingsun kang shalih kanti kanikmatan kang ora pernah dingerti kanti  netra,dingerti kanti talinga, lan ora pernah kabayang ing ati manungsa” (HR. Bukhari dan Muslim)
  
أَقُوْلُ قَوْلِي هَذَا، وَأَسْتَغْفِرُهُ العَظِيْمَ الجَلِيْلَ لِيْ وَلَكُمْ، وَلِجَمِيْعِ المُسْلِمِيْنَ مِنْ كُلِّ ذَنْبٍ، فَاسْتَغْفِرُوْهُ؛ إِنَّهُ هُوَ الغَفُوْرُ الرَحِيْمُ





Khutbah II
الْحَمْدُ لِلّهِ الَّذِيْ أَرْسَلَ رَسُولَهُ بِالْهُدَى وَدِينِ الْحَقِّ لِيُظْهِرَهُ عَلَى الدِّينِ كُلِّهِ وَلَوْ كَرِهَ الْمُشْرِكُونَ أَشْهَدُ أَنْ لَا إِلَهَ إِلَّا اللَّهُ وَحْدَهُ لَا شَرِيكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُولُهُ اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلَى نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ أَجْمَعِيْنَ
 أَمَّا بَعْدُ
Kaum muslimin ingkang dirahmati Allah
  Sampun  kita persani babagan wekdal ing dunya kalawan ing akhirat… wekdal ingkang caket menika,.. ampun dados beban  kita ing akhirat,….  Awalipun kita lahir ing dunya menika mboten ambeta satunggaling munapa… banjur kita mantuk ing kampong kita ugi kita mboten mbeta satunggaling munapa,… anamung amalan kita ingkang pari pitulungan,… saha tansah anderek pawulanganipun kanjeng rasul sahingga angsal syafaat pitulungan,…. Saha tansah anindakkaken sholat jalaran menika wates antaranipun ingkang iman kalwan ingkang ingkar… wates antaranipun ingkang muslim kalawan kafir,…..
Akhiripun  mugi-mugi Allah Subhanahu wa Ta’ala tansah ambimbing kita niti pagesangan ing dunya niki sesuai trep kalawan agama islam… ingkang sakbanjuripun pepanggihan ing akhirat,… ign papan ingkang inggil   kanti ridhanipun Allah,….. amin..
 اللهم صَلِّ عَلَى مُحَمَّدٍ، وَعَلَى آلِ مُحَمَّدٍ، كَمَا صَلَّيْتَ عَلَى إِبْرَاهِيْمَ، وَعَلَى آلِ إِبْرَاهِيْمَ، إِنَّكَ حَمِيْدٌ مَجِيْدٌ وَبارٍكْ عَلَى مُحَمَّدٍ وَ عَلَى آلِ مُحَمَّد كَمَا بَارَكْتَ عَلَى إِبْرَاهِيْمَ وَ عَلَى ألِ إِبْرَاهِيْمَ إِنَّكَ حَمِيْدٌ مَجِيْدٌ
اللّهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُؤْمِنِيْنَ وَالمُؤْمِنَاتِ وَالمُسْلِمِيْنَ وَالمُسْلِمَاتِ الأَحْيَآءُ مِنْهُمْ وَالأَمْوَاتِ إِنَّكَ سَمِيْعٌ قَرِيْبٌ مُجِيْبٌ الدَعَوَاتِ
وَيَآ قَاضِيَ الحَاجَاتِ  رَبَّنَا ظَلَمْنَا أَنْفُسَنَا وَإِنْ لَمْ تَغْـفِـرْ لَنَا وَتَرْحَمْنَا لَنَكُونَنَّ مِنَ الْخَاسِرِيْنَ
رَبَّنَا آتِنَا فِي الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِي الْآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ.
 اللهم إِنَّا نَسْأَلُكَ الْهُدَى وَالتُّقَى وَالْعَفَافَ وَالْغِنَى.
 اللهم إِنَّا نَعُوْذُ بِكَ مِنْ زَوَالِ نِعْمَتِكَ وَتَحَوُّلِ عَافِيَتِكَ وَفُجَاءَةِ نِقْمَتِكَ وَجَمِيْعِ سَخَطِكَ. وَآخِرُ دَعْوَانَا

أَنِ الْحَمْدُ لله رَبِّ الْعَالَمِيْنَ. وَصَلى الله عَلَى نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ وَسَلَّمَ.

0 Response to "Seimbangipun Pagesangan Dunya lan Akhirat"

Post a Comment

MELAYANG

KLik ya..