ini

LIHAT INI JUGA YA

COBA DISINI

KLik ya..

MELAYANG





KHUTBAH BAHASA JAWA 30 TAHUN TUMUJU SUWARGA UTAWA NERAKA


 KHUTBAH PERTAMA
perjalanan safar

الْحَمْدُ ِللهِ الَّذِيْ خَلَقَ الْمَوْتَ وَالْحَيَاةَ لِيَبْلُوَكُمْ أَيُّكُمْ أَحْسَنُ عَمَلاً وَجَعَلَ لِلْوُصُوْلِ إِلَيْهِ طَرَائِقَ وَاضِحَةً وَسُبُلاً , وَنَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ , شَهَادَةً نَرْجُوْبِهَا عَالِيَ الْجَنَّاتِ نُزُلاً , وَنَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ , أَقْوَمُ الْخَلْقِ دِيْنًا وَأَهْدَاهُمْ سُبُلاً , صَلَّى اللهُ عَلَيْهِ وَعَلَى أَلِهِ وَأَصْحَابِهِ وَالتَّابِعِيْنَ لَهُمْ بِإِحْسَانٍ , وَسَلَّمَ تَسْلِيْمًا
Jamaah Jumat rakhimaniy wa rahimakumullah

Mangga kita tansah nindakkaken takwa marang Allah kanti sakbener-beneripun takwa, jalaran kanti takwa marang Allah kita niti satunggaling margi ingkang kebak pitedah, ananing ingkang niti margi ingkang sanes mila panjenengane sampun sasar.

Jamaah Jumat ingkang tansah karahmatan dening  Allah Subkhana Wa Ta’ala
Nalika gusti Allah Subhanahu wa Ta’ala sampun ngersakaken tumekanipun dinten kiamat, Pangeran anamung paring perintah Malaikat ndamu sangkakala kaping kalih ambalan. Ingkang sepisan dados tanda leburipun sedaya makhluk kang wonten ing bumi lan langit, ingkang kaping kalih kagem nggugah makhlukipun ingkang sampun remuk… Gusti Allah Ta’ala ngendika,
وَنُفِخَ فِي الصُّورِ فَصَعِقَ مَن فِي السَّمَاوَاتِ وَمَن فِي اْلأَرْضِ إِلاَّ مَن شَآءَ اللهُ ثُمَّ نُفِخَ فِيهِ أُخْرَى فَإِذَا هُمْ ِقيَامٌ يَنظُرُونَ
Besuk qiyamat, slomprete malaikat Isrofil didamu. Ing kono sak isining bumi lan langit banjur padha mati kabeh. Kajaba kang dikersakake Allah. Sawise mangkono banjur didamu maneh ing kono kang wis padha mati banjur tangi urip maneh padha ndeleng kahanane.”(QS.Az-Zumar:68).

Mila sak rampunge Malaikat Israfil ndamu srompete ingkang kaping kalih,.. sedayanipun makhluk bangkit saking kuburipun dening Allah Ta’ala, banjur panjenengane dikumpulkaken ing lapangan ingkang wiyar sanget.. rata kanti lemah kanti kahanan nglegena.., mboten sandalan, mboten khitan, tuwin mboten ambeta satunggaling munapa kemawon. Rasulullah shallallahu ‘alaihi wa sallam ngendika :

يحشر الناس يوم القيامة حفاة عراة غرلا. قالت عائشة: يا رسول الله النساء والرجال جميعا ينظر بعضهم إلى بعض؟ قال صلى الله عليه و سلم: يا عائشة الأمر أشد من أن ينظر بعضهم إلى بعض

ing dina kiamat manungsa dikumpulkake ing kahanan nyeker,wuda, lan ora dikhitan.banjur Aisyah nyuwun pirsa, ‘duh Rasulullah, kakung kalawan putri (ing sedaya ing kahanan wuda?!) munapa deweke ora pada mersani siji lan sijine?’ kanjeng Rasulullah shallallahu ‘alaihi wa sallam paring jawab, ‘duh Aisyah, kahanan ing wektu iku nggegirisi sanget sahingga ora ano kekarepan ing atine’.” (HR. Bukhari dan Muslim)
Ing dinten kiamat saben2  panjenenganipun amikirkaken awakipun piyambak  tuwin mboten sempat amikirkaken tiyang sanes, sakniaso sanak kadangipun…. Sakniaso putranipun… sakniaso keluarganipun… Gusti Allah Ta’ala ngendika,
يَوْمَ يَفِرُّ الْمَرْءُ مِنْ أَخِيهِ {34} وَأُمِّهِ وَأَبِيهِ {35} وَصَاحِبَتِهِ وَبَنِيهِ {36} لِكُلِّ امْرِئٍ مِّنْهُمْ يَوْمَئِذٍ شَأْنٌ يُغْنِيهِ {37
ing dina iku manungsa mlayu saka sedereke. Mlayu saka bapak lan ibune. Malyu saka istri lan anak-anake. Saben  wong ing dina iku nduweni urusan kang repot banget.” (QS. Abasa: 34-37)
Sedaya manungsa ing wekdal niku wonten kahanan angin-anginan... Saben-saben tiyang nunggu pengadilan tumrap awakipun kalebu kang begjan, ing taman-taman suwarga munapa kalebu kang tuna njongkrong ing jurang neraka…
Ing  kondisi niki.. nalika sedaya makhlukipun tangi banjur ngraoskaken luwe ingkang sanget,… banjur ngraoskaken dahaga ingkang sanget…. Dening  Allah Ta’ala nyaketkaken srengenge ing nduwur ubun2 kawulanipun,.. sahingga panasipun srengenge ingkang luar biasa angakibatkaken keringatipun ndrojos kados udan….

عن المقداد بن الأسود قال: سمعت رسول الله صلى الله عليه وسلم يقول: تدني الشمس يوم القيامة من الخلق حتى تكون منهم كمقدار ميل … فيكون الناس على قدر أعمالهم في العرق؛ فمنهم من يكون إلى كعبيه, ومنهم من يكون إلى ركبتيه, ومنهم من يكون إلى حقويه, ومنهم من يلجمه العرق إلجاما

Al-Miqdad bin al-Aswad radhiallahu’anhu mratelakaken, “kawula mireng kanjeng Rasulullah shallallahu ‘alaihi wa sallam ngendika, ‘ing dina kiamat sakmangke srengenge mudunnyeraki para makhluk kanti let sak mil …  ing wektu iku  keringate saben2 manungsa tergantung amalane; ing antaraane deweke  ano kang keringate nutupi mata kaki, ano kang keringate nutupi lutute, ana kang keringate nutupi wetenge sarta ano kang keleb jalaran keringate piyambak!’” (HR. Muslim).

Mekaten kahanan  manungsa nalika wonten ing  kahanan susah, bingun, lan kuatir kang mboten kabandingankaken tuwin mboten waget kabayangkaken…. Kamangka nalika ing wekdal sedinten seukuran 50 ewu tahun ing dina2 pagesangan dunya! Allah Ta’ala ngendika,
تَعْرُجُ الْمَلاَئِكَةُ وَالرُّوحُ إِلَيْهِ فِي يَوْمٍ كَانَ مِقْدَارُهُ خَمْسِينَ أَلْفَ سَنَةٍ
Malaikat-malaikat lan Jibril munggah(angadep) gusti Allah sediten kadare 50 ewu tahun.” (QS. Al-Ma’arij: 4)
Jamaah Jumat ingkang kawula hormati
Menawa kita purun ngeningkaken,.. ngerinipun dinten2 ing pengadilan akhirat… banjur kita ngrenungkaken ing saben lampahan kita,… yekti kita bakal sadar temen.. bilih taksih katah ing  antaranipun kita kang lena kaliya gumebyaripun dunya kang semu… tuwin supe bilih sak pungkasane pagesangan dunya kang kebak barak2 ingkang kita tresnani niki…. taksih wonten pagesangan ingkang langgeng tansah angantu2 kita…!

Munapa Kita taksih lena kaliyan sedhelanipun kita ing dunya sahingga supe pangibadah marang Allah lan amalan salih. kamangka hakikatanipun kita ing dunya namung  dipun aturi nyiapkaken sangu kita ing wekdal-wekdal ingkang sampun kawajibkaken saben dintenipun. Satunggaling wekdal ingkang singkat!

Jamaah Jumat ingkang kawula hormati
sakniaso umur kita 60 tahun,… sebeneripun kita namung kasuwun beramal kirang saking 10 tahun... jalaran wekdal taksih  dikurangi wekdal istirahat.. menawa sedinten istirahat 8 jam, berarti istirahat kita sepertigan saking umur kita injih menika: 20 tahun…. banjur kita kurangi malih nalika wekdal  kita sakderengipun baligh…. Injih menika wekdal nalika manungsa dereng wajib ibadah. Kita pendet umur 10 tahun berarti, umur kita ing bumi kantun 30 tahun!
Subhanallah, … menawa kita ngrenungkaken… menawa kita sadar… kita susah payah ing dunya menika sekitar 30 tahun kemawon! sahingga mboten wonten tunanipun dedagang ingkang patut digetunkaken kajaba nalika kita tuna ing akhirat…. bangkrut ing kampung akhirat.... ingkang artosipun kasengsarat kang langgeng…!

Gusti Allah sampun paring peringatan supados kita mboten lena kalawan pagesangan duniawi kang muspra menika…,
يَآأَيُّهَا النَّاسُ إِنَّ وَعْدَ اللهِ حَقٌّ فَلاَ تَغُرَّنَّكُمُ الْحَيَاةُ الدُّنْيَا وَلاَيَغُرَّنَّكُمْ بِاللهِ الْغُرُور
he manungsa kabeh.., saktemene janji gusti Allah iku bener, mila sira ajo kepencut marang dunya kang gae lali sira, lan ajo sepisan kabujuk (setan) kang pinter nipu, ngalekake sira saka dalan gusti Allah.” (QS. Fathir: 5)

tiang ingkang katipu kanti pagesangan duniawi bener-bener tuna…. jalaran kanikmatan ing dunya sedaya isinipun menika mboten langkung aji ing sisihe gusti Allah tinimbang suwiwi nyamuk!

عَنْ سَهْلِ بْنِ سَعْدٍ قَالَ قَالَ رَسُولُ اللَّهِ -صلى الله عليه وسلم- « لَوْ كَانَتِ الدُّنْيَا تَعْدِلُ عِنْدَ اللَّهِ جَنَاحَ بَعُوضَةٍ مَا سَقَى كَافِرًا مِنْهَا شَرْبَةَ مَاءٍ ». رواه الترمذي في سننه (رقم 2490) وقَالَ أَبُو عِيسَى هَذَا حَدِيثٌ صَحِيحٌ غَرِيبٌ مِنْ هَذَا الْوَجْهِ.
Sahl bin Sa’d nerangkaken bilih kanjeng Rasulullah shallallahu ‘alaihi wa sallam ngendika : “menawa kanikamatan dunya sepadan suwiwine  nyamuk; yekti wong kafir ora kaparingan (kanikmatan dunya sakniaso seteguk banyu.”  (HR. Tirmidzi, “Sahih gharib min hadzal wajhi.”).

بَارَكَ اللهُ لِيْ وَلَكُمْ فِيْ الْقُرْانِ الْعَظِيْمِ , وَنَفَعَنِيْ وَإِيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ اْلأَيَاتِ وَالذِّكْرِ الْحَكِيْمِ , أَقُوْلُ قَوْلِيْ هَذَا وَأَسْتَغْفِرُ الله َلِيْ وَلَكُمْ وَلِكَافَةِ الْمُسْلِمِيْنَ مِنْ كُلِّ ذَنْبٍ , فَاسْتَغْفِرُوْهُ إِنَّهُ هُوَ الْغَفُوْرُ الرَّحِيْمُ

























KHUTBAH KEDUA
إِنَّ الْحَمْدَ للهِ نَحْمَدُهُ وَ نَسْتَعِيْنُهُ وَ نَسْتَغْفِرُهُ وَ نَعُوْذُ بِاللهِ مِنْ شُرُوْرِ أَنْفُسِنَا وَسَيِّئَاتِ أَعْمَاِلنَا  مَنْ يَهْدِ اللهُ فَلاَ مُضِلَّ لَهُ وَ مَنْ يُضْلِلْ فَلاَ هَادِيَ لَهُ أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَشَرِيْكَ لَهُ وَ أَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَ رَسُوْلُهُ صَلَّى اللهُ عَلَيْهِ وَسَلَّمَ تَسْلِيْمًا كَثِيْرًا
Jamaah Jumat rakhimaniy wa rahimakumullah
Mila, mangga kita amanfaatkaken pagesangan dunya kang namung sekedar mampir menika… kanti ibadah marang gusti Allah Ta’ala, saking pedamelan, shalat lima wekdal, bakti kaliyan tiyang sepuh, gotongroyong ing tetanggi, ndidik keluarga saksae-saenipun,lan sanes-sanesipun. Ngupaya nebihi munapa ingkang dilarang dening gusti Allah. Sahingga ampun ngantos kita kagolong tiyang-tiyang kang disebutkan Allah Ta’ala dalam firman-Nya,
وَهُمْ يَصْطَرِخُونَ فِيهَا رَبَّنَآ أَخْرِجْنَا نَعْمَلْ صَالِحًا غَيْرَ الَّذِي كُنَّا نَعْمَلُ أَوَلَمْ نُعَمِّرْكُم مَّايَتَذَكَّرُ فِيهِ مَن تَذَكَّرَ وَجَآءَكُمُ النَّذِيرُ فَذُوقُوا فَمَا لِلظَّالِمِينَ مِن نَّصِيرٍ
lan deweke njerit ing neraka: ‘du Pangeran Kawula, mugi paduka medalkaken kawula, yekti kawula bakal nindakkake amalan sholih sanes munapa kang wus kawula tindakkake.’ Apa ora singsun dawakake umur ira ing wektu kang cukup tumrap wong kang gelm mikir?! Mila rasakna (adzab ingsun) lan ora ano tumrap wong-wong zhalim sawijine pitulungan.” (QS. Fathir: 37).
Panjenenganipun mboten waget balik teng dunya saklawasipun. Mekaten ugi panjenenganipun mboten bakal pejah ing neraka. Dening Allah Ta’ala dipun ngendikakaken,
وَنَادَوْا يَامَالِكُ لِيَقْضِ عَلَيْنَا رَبُّكَ قَالَ إِنَّكُم مَّاكِثُونَ {77} لقَدَ ْجِئْنَاكُم بِالْحَقِّ وَلَكِنَّ أَكْثَرَكُمْ لِلْحَقِّ كَارِهُونَ {78
deweke ngucap: ‘duh Malaikat, jarna Pangeran mejahi kawula.’ Malaikat njawab: ‘sira katetepkake (ing neraka iki). Sakbenere ingsun bener-bener wus maringi dalan  kabecikan tumrap ira, ananging sak akehe saka ira sengit marang  kabecikan iku.” (QS. Az-Zukhruf: 77-78).
Ing dinten niku mboten waget paring ngentengkaken adzab lintunipun amalan ibadah ingkang sampun kalampahan, panjenenganipun mboten kaparingan setetes tunya kemawon. Allah Ta’ala ngendikakaken,
وَنَادَى أَصْحَابُ النَّارِ أَصْحَابَ الْجَنَّةِ أَنْ أَفِيضُوا عَلَيْنَا مِنَ الْمَآءِ أَوْ مِمَّا رَزَقَكُمُ اللهُ قَالُوا إِنَّ اللهَ حَرَّمَهُمَا عَلَى الْكَافِرِينَ {50} الَّذِينَ اتَّخَذُوا دِينَهُمْ لَهْوًا وَلَعِبًا وَغَرَّتْهُمُ الْحَيَاةُ الدُّنْيَا فَالْيَوْمَ نَنْسَاهُمْ كَمَا نَسُوا لِقَآءَ يَوْمِهِمْ هَذَا وَمَاكَانُوا بِئَايَاتِنَا يَجْحَدُونَ {51
lan penduduk neraka jejelukan marang penduduk suwarga: ‘wenehna setitik saka banyu munapa pangan kang wus kaparingkake dening gusti Allah tumrap sira.’ panjenenganipun (penduduk suwarga) njawab: ‘Saktemene  Allah wus ngaramkake kalih bab wau(banyu /pepangan) tumrap wong-wong kafir.’ (Yaiku) wong-wong kang andadekaken agama kaya dolanan lan gegorohan, lan penguripan ing dunya wus nipu deweke. Mila ing dina(kiamat) iki ingsun nglerwakake deweke kaya deweke nglalekaken ketemuane deweke ing dina iki lan (kaya nalika) deweke ngingkari ayat-ayat ingsun.” (QS. Al-A’raf: 50-51)
Mugi2 kita sedaya waget ngreksa iman kita tuwin amalan kesaenan kita jalaran… katah dalan ingkang damel risakipun iman ingkang akhiripun risak sedaya amalanipun… bangkrut saklaminipun…. Ananging  gusti Allah paring piwales menawa bener imanipun… lempeng aqidahipun… mila iman tuwin amalan ibadahipun waget nylametkaken panjenenganipun….,
 Amiin ya Rabbal ‘alamin.
إِنَّ اللَّهَ وَمَلائِكَتَهُ يُصَلُّونَ عَلَى النَّبِيِّ يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا صَلُّوا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوا تَسْلِيماً
اللَّهُمَّ صَلِّ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ مُحَمَّدٍ كَمَا صَلَّيْتَ عَلَى إِبْرَاهِيْمَ وَعَلَى آلِ إِبْرَاهِيْمَ إِنَّكَ حَمِيْدٌ مَجِيْدٌ, اللَّهُمَّ بَارِكْ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ مُحَمَّدٍ كَمَا بَارَكْتَ عَلَى إِبْرَاهِيْمَ وَعَلَى آلِ إِبْرَاهِيْمَ إِنَّكَ حَمِيْدٌ مَجِيْدٌ
رَبَّنَا اغْفِرْ لَنَا وَ لِإِخْوَانِنَا الَّذِينَ سَبَقُونَا بِاْلإِيمَانِ وَلا تَجْعَلْ فِي قُلُوبِنَا غِلاَّ لِلَّذِينَ آمَنُوا رَبَّنَا إِنَّكَ رَؤُوفٌ رَحِيمٌ
رَبَّنَا لا تُؤَاخِذْنَا إِنْ نَسِينَا أَوْ أَخْطَأْنَا رَبَّنَا وَلا تَحْمِلْ عَلَيْنَا إِصْراً كَمَا حَمَلْتَهُ عَلَى الَّذِينَ مِنْ قَبْلِنَا رَبَّنَا وَلا تُحَمِّلْنَا مَا لا طَاقَةَ لَنَا بِهِ وَاعْفُ عَنَّا وَاغْفِرْ لَنَا وَارْحَمْنَا أَنْتَ مَوْلاَنَا فَانْصُرْنَا عَلَى الْقَوْمِ الْكَافِرِينَ
وَالْحَمْدُ لِلَّهِ رَبِّ الْعَالَمِينَ, وَأَقِمِ الصَّلاَة




KUMPULAN KHUTBAH BASA JAWI / KHUTBAH BAHASA JAWA =

0 Response to "KHUTBAH BAHASA JAWA 30 TAHUN TUMUJU SUWARGA UTAWA NERAKA"

Post a Comment

MELAYANG

KLik ya..