ini

LIHAT INI JUGA YA

COBA DISINI

KLik ya..

MELAYANG





Pepenget saking Bebaya Saking Banda

Khutbah jum'at bahasa jawa kagem kadang pedesaan


 إنَّ الْحَمْدَ لِلَّهِ نَحْمَدُهُ وَنَسْتَعِينُهُ وَنَسْتَغْفِرُهُ وَنَعُوذُ بِاللَّهِ مِنْ شُرُورِ أَنْفُسِنَا وَمِنْ سَيِّئَاتِ أَعْمَالِنَا مَنْ يَهْدِهِ اللَّهُ فَلَا مُضِلَّ لَهُ وَمَنْ يُضْلِلْ فَلَا هَادِيَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنْ لَا إِلَهَ إِلَّا اللَّهُ وَحْدَهُ لَا شَرِيكَ لَهُ وَ أَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُولُهُ
وَأَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ ذُو الْجَلاَلِ وَالإِكْرَامِ، وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ  
 صَلَّى اللهُ عَلَيْه وَعَلَى آلِهِ وَأَصْحَابِهِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ وَسَلَّمَ تَسْلِيْمًا،
 أَمَّا بَعْدُ:  
Sedaya puji syukur katur dumateng Allah Subkhana Wa Ta’ala ingkang sampun paring anugerah tumrap kita sami kanti mawarni kanikmatan ingkang katah sanget saking kita nalika ing rahim ibu kita, ngantos ing wekdal menika... ,

Kawula anyekseni bilih mboten wonten sesesembahan ingkang haq lintunipun Allah Ta’ala kemawon, lan kawula nyekseni bilih Nabi Muhammad shallallahu ‘alaihi wa sallam dados kawulan lan utusanNipun. Shalawat lan salam mugi tansah katur tumrap sliranipun, kaluarga, para sahabatnya, sarta tiyang-tiyang ingkang anderek kanti sitiqomah ngantos akhir zaman sakmangke…..

Hadirin jum’ah rakhimaniy wa rakhimakumullah,
   Mangga kita tansah anindakkaken takwa dumateng Allah Ta’ala lan tansah anyuwun rahmat sarta pitulungan sarta ridhanipun...... ing pundi ing awalipun kita lahir ing kahanan mboten ngerti munapa kemawon  sarta  manfaat tumrap dirinipun piyambak...  banjur dening Allah Ta’ala paring tumrap saben-saben kawulanipun kanikmatan lan gangsar babagan  rezki kang katah lan aneka macem… kewajiban kita… sakbanjuripun kita,…  kedah tansah syukur babagan kalawau kanti anindakkaken kewajiban-kewajiban ingkang diperintah dening Allah lan nebihi awisan-awisanipun….
Hadirin jum’ah rakhimaniy wa rakhimakumullah,
      Perlu kita pirsani bilih samu barang ingkang dipun paring dening Allah Ta’ala ingkang arupi daharan, banda, anak, lan sak padannipun dados ujian tumrap manungsa. Allah Ta’ala dawuh,

  وَاعْلَمُوۡۤا اَنَّمَاۤ  اَمْوَالُكُمْ وَ اَوْلَادُكُمْ فِتْنَۃٌ ۙ وَّاَنَّ اللہَ عِنۡدَہٗۤ  اَجْرٌ عَظِیۡمٌ ﴿٪۲۸ 
lan ngertio sayektinebanda-banda ira lan anak-anak ira iku dadi pacoban,.. lan saktemene ing sisih Allah ganjaran kang gede.” (Al-Anfal: 28)

Ugi Kanjeng Nabi shallallahu ‘alaihi wa sallam medar sabda,
إِنَّ لِكُلِّ أُمَّةٍ فِتْنَةٌ وَفِتْنَةُ أُمَّتِيْ الْمَالُ
Saktemene saben umat iku ana fitnah… lan fitnah umat-Ku ana ing banda.” (H.R. At-Tirmidzi dan dishahihkan oleh Al-Albani)

Hadirin rakhimaniy wa rakhimakumullah,
Pacoban banda niki bakal tumeka ing pundi papan kemawon. Ing  antawisipun saking cara merdinipun… cara ambelanjakaken,… Allah Ta’ala  paring syariat babagan caranipun ngupaya.., ingkang sedayanipun  dipun bangun ing keadilan tuwin tebih saking tumindak zalim,… jahat,… munapa damel cridane liyan,…. Mila tiyang-tiyang ingkang anindakkaken takwa dumateng Allah Ta’ala tentu kemawon tansah amerhatikaken watesan-watesan syariat nalika ngupayakaken bandanipun...  tebih saking riba, judi, lan tumindak zalim, kang sedayanipun kalebet ing bentuk nedhi barang tiyang sanes kanti cara kang batil... dening  Allah Ta’alaparing dawuh,




  یٰۤاَیُّہَا الَّذِیۡنَ اٰمَنُوۡا لَا تَاۡكُلُوۡۤا اَمْوَالَكُمْ بَیۡنَكُمْ بِالْبَاطِلِ اِلَّاۤ اَنۡ تَكُوۡنَ تِجَارَۃً عَنۡ تَرَاضٍ مِّنۡكُمْ ۟ وَلَا تَقْتُلُوۡۤا اَنۡفُسَكُمْ ؕ اِنَّ اللہَ کَانَ بِكُمْ رَحِیۡمًا ﴿۲۹﴾ 
hai wong-wong kang iman, sira aja pada mangan banda ing antarane sira kanti dalan  kang batil,.. kajaba kanti dalan niaga kang katindakke kanti seneng pda seneng ing antarane sira.” (An-Nisa’: 29)
     Sahingga kanti anggatekkaken  wates kalawan aturan-aturan saking Allah Ta’ala nalika ngupaya bandanipun,… sahingga banda ingkang dipun usahakaken dados barakah… banda ingkang dipun upayakaken dados sebab kasaenan, sae nalika ambelanjakaken, munapa dipun sedekahkaken munapa nalika bandanipun dipun wariskaken. Sahingga bandanipun damel kasaenan tumrap awakipun piyambak ing dunya kalawan ing akhirat… ananging tiyang-tiyang kang ingkar, panjenenganipun mboten kenal babagan halal munapa haram. Sahingga bandanipun mboten barakah ugi mboten manfaat. nalika didahar munapa  dipun belanjakaken mpanjenenganipun sampun daharlan paring nafkah kang haram. Nalika dipun infaqke mboten katampa dening Allah Ta’ala. Nalika tilar dunya, bandanipun dados sebab mlebetipun ing neraka. . Kita anyuwun dumateng gusti Allah dipun tebihkaken saking ingkang mekaten,…
Hadirin rakhimaniy wa rakhimakumullah,
Pacoban jalaran banda niki ugi saget tuwuh jalaran senengipun satunggaling  tiyang barang,… sahingga saperangan tiyang wonten ingkang kasenengan babagan satunngaling barang andamel andamel panjeneganipun supe,.. banjur ngalalkaken saben cara,… banjur tansah dipun repotkaken babagan kadunyan kemawon…. Saking awalipun aktivitas….. saking awalipun wungu saking sare ngantos panjenenganipun mantuk ing griya,… ngantos panjenenganipun sare malih.., ingkang dipun pikir anamung kadunyan... nalika lenggahan, jumeneng…  munapa mlampah,.. ing atinipun anamung ngupaya  dunyanipun.. Banjur mlebet ing impenipun… banjur ing shalatipun pikiranipun  dipun kebaki kanti babagan dunya…. kados-kados panjenenganipun dipujn cipta kagem ngluru dunya kemawon…. Jalran kanti kasenengan kalawan kaluwihanipun  panjenengan supe kalawan wekdal balikipun ing akhirat …,  temen tuna saklawasipun dumateng ingkang mboten sadar… padahal rezki sampun katetepkaken dening gusti Allah Ta’ala kanti ukuran….

Hadirin rakhimaniy wa rakhimakumullah,
Panggodanipun  banda muncul malih ing sisi pembelanjaanipun...  sahingga satunggaling tiyang dados pelit,… satunggaling tiyang dados kikirmboten medalkaken zakatipun, mboten anindakkaken kewajibanipun kanti infak tumrap sederek ingkang wajib dibantu, ingkang berhak kabantu lan ingkang semisalipun… … banjur malah tuwuh saperangan tiyang faoya-foya kanti barang wau... Padahal Allah Ta’ala dawuh,
وَاٰتِ ذَا الْقُرْبٰی حَقَّہٗ  وَالْمِسْکِیۡنَ وَ ابْنَ السَّبِیۡلِ وَلَا تُبَذِّرْ تَبْذِیۡرًا ﴿۲۶﴾  اِنَّ الْمُبَذِّرِیۡنَ کَانُوۡۤا اِخْوَانَ الشَّیٰطِیۡنِ ؕ وَکَانَ الشَّیۡطٰنُ لِرَبِّہٖ کَفُوۡرًا ﴿۲۷﴾ 
lan sira wenehi tumrap  kaluarga-kaluarga cerak  kang berhak, (lan uga) wong miskin lan wong kang ing perjalanan lan sira aja mbuang-mbuang(banda) kanti sia-sia. Saktemene wong-wong kang mbuang-mbuang banda kanti sia-sia iku kekancan setan lan setan iku temen ingkar marang Pangeran.” (Al-Isra’:26-27)

Hadirin rakhimaniy wa rakhimakumullah,
   Jalran saking menika, sinten kemawon saking kita kedah ngati-ngati lan tansah ajrih babagan pagodanipun banda… katah ugi ingkang anggadahi ilmu mlebet ing penyimpangan-penyimpangan jalaran pacoban menika... kang mekaten dipun sebabkaken sembrananipun babagan pajoban menika… sarta perasaan aman saking babaya banda niki. Ingkang umumipun ingkang anggadahi banda tansah a ambujuk ing dalan-dalan syahwat.. banjur akibatipun  satunggaling tiyang kaseret gesang kanti mewah-mewah,… umuk-umukan,.. ingkang sakbanjuripun damel panjenenganipun sombong lan angkuh,.. sarta akhiripun damel andamel awakipun mboten perduli tumindak-tumindak  maksiat. Manga kita tansah anyuwun tetulungan dumateng Allah ugi tansah waspada babagan  fitnah ing ngajeng kita…. waspada babagan dalan-dalan setan ing ngajeng kita….. amargi dalan-dalan setan dipun damel alus sanget,.. dipun damel gampil sanget,.. dipun poles manis… ananging kasunyatanipun anamung kasenengan ing dunya… banjur…. Kasengsaran saklawasipun…
أَقُوْلُ قَوْلِيْ هَذَا، وَأَسْتَغْفِرُ اللهَ لِيْ وَلَكُمْ وَلِجَمِيْعِ الْمُسْلِمِيْنَ، فَاسْتَغْفِرُوْهُ يَغْفِرْ لَكُمْ، وَتُوْبُوْا إِلَيْهِ يَتُبْ عَلَيْكُمْ؛ إِنَّهُ كَانَ تَوّاَباً



KHUTBAH II
الْحَمْدُ لِلهِ رَبِّ الْعَالَمِيْنَ، حَذَّرَنَا مِنَ الْفِتَنِ مَا ظَهَرَ مِنْهَا وَمَا بَطَنَ،
 وَأَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ يَعْلَمُ السِّرَّ وَالْعَلَنَ، وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ أَمَرَ عِنْدَ ظُهُوْرِ الْفِتَنِ بِالْاِعْتِصَامِ بِالكِتَابِ وَالسُّنَنِ، صَلَّى اللهُ عَلَيْه وَعَلَى آلِهِ وَأَصْحَابِهِ وَسَلَّمَ تَسْلِيْمًا كَثِيْرًا،           أَمَّا بَعْدُ
Hadirin rakhimaniy wa rakhimakumullah,
Sedaya puji syukur katur dumateng Allah Ta’ala ingkang ingkang paring sedaya kanikmatan,… saha dalan ingkang padang ,…… manga kita tansah anindakkaken takwa dumateng Allah Ta’ala lan tansah emut bilih dunya kang kita lampahi niki dados ujian…. Pacoban… pertarungan,…. Allah Ta’ala paring ujian tumrap sedaya kawulanipun, sahingga Nampak antaranipun ingkang iman munapa ingkang ingkar….  Banjur tansah Nampak wates  antaranipunj ingkang haq kalawan ingkang batil,… awit saking mandapipun kanjeng Nabi Adam ‘alaihissalam ing bumi,…ngantos wekdal ingkang sampun katetepkaken dening Allah Ta’ala…. Dalan-dalan setan tansah dipun damel kalawan bala tentaranipun ing kalangan jin munapa ugi saking manusia,… kanti mawarni upaya kalawan usaha sahingga ingkang batil dipun poles indah,.. nyemsengkaken…. Banjur ingkang haq dipun damel awrat ingkang anindakkaken..

Hadirin rakhimaniy wa rakhimakumullah,
 Mawarni bebaya ing dunya niki mboten saget slamet kajaba usaha ingkang dipun upaya kalawan pitulunganipun saking gusti Allah angadepi sedaya karuwetan ing dunya menika…  luar biasa ageng lan katah sanget. Dalan-dalan wau…  mboten wonten ingkang slamet lintunipun ingkang kaparingan pitulungan dening  Allah Ta’ala…. Ugi ingkang sadar kalwan anrima hidayah kalawan pitulungan saking gusti allah,… ingkang kedah kita tindakkaken sakbanjuripun injih menika tansah  ngupaya kaparingan pitulungan kalawam istiqomah…. Kanti pituduh kalwan arahan saking Allah Ta’ala kanti anderek piwulanagn kalwan pemahaman Rasul-Nya. Nabi shallallahu ‘alaihi wa sallam ,
وَقَدْ تَرَكْتُ فِيكُمْ مَا لَنْ تَضِلُّوا بَعْدَهُ إِنِ اعْتَصَمْتُمْ بِهِ؛ كِتَابُ اللهِ
lan sayektine wus aku tinggalke tumrap sira kanti satunggaling bab kang sira ora bakal kesasar sakwuse (ilmu) kanti sira  cecekelan kanti kuat baba mau, yaiku kitab Allah.” (H.R. Muslim)



اللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلَى نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَأَصْحَابِهِ أَجْمَعِيْنَ، وَالْحَمْدُ لِلهِ رَبِّ الْعَالَمِينَ.
اللهم اغْـفِـرْ لِلْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ، رَبَّنَا ظَلَمْنَا أَنْفُسَنَا وَإِنْ لَمْ تَغْـفِـرْ لَنَا وَتَرْحَمْنَا لَنَكُونَنَّ مِنَ الْخَاسِرِيْنَ
رَبَّنَا آتِنَا فِي الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِي الْآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ. اللهم إِنَّا نَسْأَلُكَ الْهُدَى وَالتُّقَى وَالْعَفَافَ وَالْغِنَى.

الحمد لله رب العالمين

0 Response to "Pepenget saking Bebaya Saking Banda"

Post a Comment

MELAYANG

KLik ya..