ini

LIHAT INI JUGA YA

COBA DISINI

KLik ya..

MELAYANG





khutbah jumat basa jawi urip ingkang sae hayatan thoyyibah

Khutbah Jum’at Jawa Pagesangan Ingkang Sae (Hayatan Thoyyibah)



Khutbah Jum’at Pertama:
السلام عليكم ورحمة الله وبركاته
الحمد لله, الحمد لله الذ ي أعــد لـلـمــتــقـيــن جـنــات الــنــعــيــم * وأنــذر الـمــجـرمـيــن بـعــذاب ألــيــم * أشـهـد ان لا اله الا الله وحده لا شـريك له الــغــفــور الـرحـيــم * الهــنــا والـــه كل شــيء وهــو الــعــزيــز الــحـكـيــم * وأشـهد أن محمدا عبـده ورسـوله الـذي خـص بـالخـلـق الـعــظـيـم * اللهـم صـل وسـلم على سـيد نا محمـد النـبـي الــكـريــم * وعلى ألـه وأصــحـابه أفــضــل الـصــلاة وأتــم الـتـســلـيــم * أمـابعـد فيـا أيها الأخـوان رحمكم الله , أوصــيكم واياي بتقـوى الله * فَقَدْ قَالَ تَعَالَى فِي كِتَابِهِ الْكَرِيْمِ: أَعُوْذُبِاللهِ مِنَ الشًّيْطَانِ الرَّجِيْمِ$ بِسْمِ اللهِ الرَّحْمَنِ الرَّحِيْمِ$ أم حـســبـتـم أن تـدخـلــوا الــجـنــة ولمــا يــعــلـم اللـه الــذيــن جـاهــدوا مــنـكم ويـعــلـم الـصــا بـريــن
Para sederek Kaum Muslimin ingkang Minulya
Mangga kita sesarengan tansah netepi ajrih lan taqwa dateng Allah, kanti tansah netepi lan nuhoni dateng sedaya perintah lan dawuh dawuhipun, saha nebihi sedaya awisanipun. Ampun ngantos kumawantun nilar kwajiban lan nglirwaaken dawuh dawuhipun Allah, lan ugi ampun ngantos kumo wanton nerjang awisanipun Allah.wonten ing kawontenan kados menapa kemawon, tansah netepana taqwa lan ajrih dateng Allah, supados kita tansah pikantuk rahmat lan kanugerahan, kebahagyaan gesang saking ngarsa Dalem Allah Ta’ala, wiwit ing dunya ngantos dumugining akherat, Amiin.
Para sederek Kaum Muslimin ingkang Minulya
Imam Qurthuby ngendikakaken bilih pagesangan ingkang sae punika kedah netepi 5 perkawis.
Sepisan : Rizki halal tur sinarengan shifat qana’ah.
Rizki ngrupekaken kebutuhan ingkang mutlak minangka sarananing pagesangan, nanging kedah ingkang halal tur sinartan sifat qona’ah tegesipun nrima pandumaning Pangeran, menapa peparingipun tinampi kanti syukur.
Kaping 2. Dipun paesi kanti kawruh ilmu lan pangertosan.
Ilmu lan kawruh pangertosan punika minangka tanda kamulyaning manungsa atas makhluq sanes, Ngantos kamulyanipun Nabi Adam AS. Ngungkuli para Malaikat, amergi ilmunipun, lan inggih karana ilmi punika berhak di ta’ati lan dipun hormati.
Tiyang ingkang berhasil gesangipun wonten ing bidang menapa kemawon, antawisipun inggih jalaran kawruh lan ilminipun ingkang cekap kepara mumpuni. Mboten namung urusan kadonyan kemawon, nanging ugi urusan akhirat wajib dipun dasaraken ilmi, amal tanpa ilmi hampa sia sia, lan ugi Allah ngangkat derajat kawulanipun jalaran kaparingan ilmi, kados dawuhipun :
ير فــع اللــه الــذيــن أمــنــوا مــنكـم والــذيــن أوتــوا الـعــلـم درجــات
“Allah bakal ngangkat derajat kaluhurane wong wong kang pada iman lan kang pada di paringi ilmu”. (QS.Al Mujadalah : 11) .
Perkawis ingkang kaping 3 : Bebuden lan amal ingkang sae.
Banda ingkang melimpah lan ilmi ingkang katah, bade ndadosaken kamulyanipun tiyang ingkang miliki menawi anggadahi bebuden ingkang mulya saha amal ingkang sae. Mulyanipun tiyang ingkang anggadahi banda lan ilmi menawi saget netepi sifat loman lan andap asor, Sinaosa sugih lan pinter nanging mboten ndadosaken sifat kumalungkung lan takabur, nanging malah loman dermawan lan andap asor, ngormati dateng sesami. Amergi tiyang kanti loman remen sedekah mboten bade suda bandanipun ngantos fekir, mekaten ugi andap asor mboten ndadosaken tiyang saya ina , nanging kepara malah saya mulya, kanjeng Nabi paring dawuh :
مــا نـقــصــت صــدقــة مــن مــال , ومــا زاد اللـه عــبــدا بــعــفــو الا عــزا ومــا تــواضــع أحــد للــه الا رفــعــه اللــه تــعــالى
“Shadaqah ora bakal ndadekake suda banda kesugihan sitik wae, Allah ora nambah marang kawulane sebab ngapura kejaba nambahi kamulyan, lan ora andap asor sewijining uwong kerana Allah, kejaba Allah mesti ngluhurake derajate wong mau” (HR. Al Bukhari).
Pramila beja sanget tiyang ingkang kaparingan rizki lan ilmi ingkang cekap, lajeng manfa’ataken lan nasarufaken banda lan ilminipun kanti sae .
Para sederek Kaum Muslimin ingkang Minulya,
Kaping 4 : Pinaringan hidayah iman lan taufiq.
Sak sampunipun kita pinaringan iman kita kedah tansah njagi lan ngreksa supados iman kita tetep manteb ngantos pejah tetepa kanti khusnul khotimah. Lajeng kita ugi tansah ngadang adang taufiq lan pitulunganipun Allah. Kados dawuhipun :
ومــا تــوفــقـى الا بـاللـه عــلــيــه تـوكلــت والــيــه أنــيــب
“Lan ora ana pitulungan tumrapku kejaba pitulungane Allah, ”Lan mung ing Allah aku pasrah, lang mung marang Allah aku bakal bali. (QS. Hud : 88).
Kaping 5 : Anggadahi simpenan investasi kangge akherat.
Agami kita ngajaraken bilih pagesangan ing ndunya punika minangka sarana kangge nggayuh kamulyan ingkang langgeng wonten ing alam akhirat, mila samu kawis ingkang kita lampahi dadosa tanduran lan simpenan kangge akherat mbenjang , wonten pangandika ; bilih dunya menika minangka sawah utawi ladangipun akhirat, pramila ampun ngantos kita nandang kapitunan jalaran mboten anggadahi simpenan kangge akherat kerana mbujung keremenan dunya. Dawuhipun Allah :
فمــن الـنــاس مــن يـقــول : ربـنــا أتـنــا فى الــدنيــا ومــالــه فى أخـرة مـن خـلاق
“Mangka sak perangane manungsa ana kang ndunga : “Duh Pangeran kula mugi maringana Paduka dateng kula ing dunya punika” lan ora ana bagian kanggo wong kuwi ing akhirat” (QS.Al Baqarah : 200).
Pramila selagi kita kongang, ampun ngantos kita lirwakaken tabungan kita kangge kebahagyaan akhirat, kanti ngamal ingkang kita seja murih ridlanipun Allah. Mugi mugi kita tansah pinaringan pitedah kangge nggayuh kabekjaning gesang wiwit dunya ngantos dumugining akhirat. Amin
جَعَلَنَا اللهُ وَإِيَّاكُمْ مِنَ اْلفَائِزِيْنَ اْلآمِنِيْنَ * وَأَدْخَلَنَا وَإِيَّاكُمْ فِى زُمْرَةِ عِبَادِهِ الصَّالِحِيْنَ * فَقَدْ قَالَ تَعَالَى فِي كِتَابِهِ الْكَرِيْمِ : أَعُوْذُبِاللهِ مِنَ الشًّيْطَانِ الرَّجِيْمِ * بِسْمِ اللهِ الرَّحْمَنِ الرَّحِيْمِ * مَنْ عَمِلَ صَالِحًا مِّن ذَكَرٍ أَوْ أُنثَى وَهُوَ مُؤْمِنٌ فَلَنُحْيِيَنَّهُ حَيَاةً طَيِّبَةً * وَقُلْ رَبِّ اغْفِرْ وَارْحَمْ وَأَنْتَ خَيْرُ الرَّاحِمِيْنَ *













Khutbah Jum’at Kedua:
اَلْحَمْدُ ِللهِ اَلْحَمْدُ ِللهِ الَّذِي خَلَقَ اْلأَشْيَآءَ * أَحْمَـدُهُ سُبْحَانَهُ وَتَعَالَى حَمْدَ مَنْ عُفِيَ مِنَ الْبَلاَءِ * أَشْهَدُ أَنْ لآ اِلَهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لآ شَـرِيْكَ لَهُ شَهَادَةً تُنْجِيْ قَائِلَهَـا يَوْمَ الْجَـزَاءِ* وَأَشْـهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ أَتْقَى اْلأَتْقِيآءِ* أَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ وَبَارِكْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ سَيِّدِ الرُّسُلِ وَاْلأَنْبِيآءِ * وَعَلَى آلِهِ الْكَرَمآءِ * وَأَصْحَابِهِ اْْلأَصْفِيآءِ* وَمَنْ تُبِعَهُمْ بِإِحْسَانِ إِلَى يَوْمِ اللِّقَاء ِ* أَمَّا بَعْدُ فَيَا عِبَادَ اللهِ أُوْصِيْكُمْ وَإِيَّايَ بِتَقْوَى اللهِ وَأَشْـكُرُوْهُ عَلَى تَوَالِي النَّعَمآءِ *
* وَاعْلَمُوْا أَنَّ اللهَ تَعَالَى أَمَرَكُمْ أَمْرًا عَمِيْمًا * فَقَالَ جَلَّ جَلاَلُهُ : إِنَّ اللهَ وَمَلاَئِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلَى النَّبِيِّ* يَآأَيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوْا صَلُّوْا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا * اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ سَيِّدِ الْمُرْسَلِيْنَ* وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ وَالتَّابِعِيْنَ * وَتَابِعِ التَّابِعِيْنَ لَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدِّيْنَ * وَارْحَمْنَا مَعَهُمْ بِرَحْمَتِكَ يَا أَرْحَمَ الرَّاحِمِيْنَ * اَللَّهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُؤْمِنَاتِ * وَالْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ * إِنَّكَ سَمِيْعٌ قَرِيْبٌ مُّجِيْبُ الدَّعَوَاتِ * اَللَّهُمَّ أَصْلِحْ أَئِمَتَنَا وَأُمَّتَنَا* وَقُضَاتَنَا وَعُلَمَاءَنَا وَفُقَهَاءَنَا* وَمَشَايِخَنَا صَلاَحًا تَامًّا عَامًّا وَاجْعَلْنَا هُدَاةَ مُهْتَدِيْنَ * اَللَّهُمَّ اْنصُرْ مَنْ نَصَرَ الدِّيْنَ * وَاخْذُلْ مَنْ خَذَلَ الْمُسْلِمِيْنَ * أَللَّهُمَّ أَهْلِكْ أَعْدَاءَ الدِّيْنَ * وَأَلِّفْ بَيْنَ قُلُوْبِ الْمُؤْمِنِيْنَ * وَفُكَّ أَسْرَ الْمَأْسُوْرِيْنَ * وَفَرِّجْ عَنِ الْمَكْرُوْبِيْنَ * وَاقْـضِ الدَّيْنَ عَلَى الْمَدْيُوْنِيـْنَ * وَاكْتُبِ اللَّهُمَّ السَّلاَمَةَ عَلَيْنَا * وَعَلَى الْغُزَّاةِ وَالْمُجَاهِدِيْنَ وَالْمُسَافِرِيْنَ * إِنَّكَ عَلَى كُلِّ شَيْءٍ قَدِيْرٌ * اَللهُمَّ ادْفَعْ عَنَّا الْغَلَاءَ * وَالْبَلاَءَ وَالْوَبَاءَ* وَاْلفَحْشَاءَ وَالْمُنْكَرَ وَالْبَغْيَ وَالسُّيُوْفَ الْمُخْتَلِفَة * وَالشَّدَائِدَ وَالْمِحَنَ * مَا ظَهَرَ مِنْهَا وَمَا بَطَنَ * مِنْ بَلَدِنَا هَذَا خَاصَّةً * وَمِنْ بُلْدَانِ الْمُسْلِمِيْنَ عَامَّةً * إِنَّكَ عَلَى كُلِّ شَيْءٍ قَدِيْرٌ * رَبَّنَا اغْفِرْ لَنَا وَلإِخْوَانِنَا الَّذِيْنَ سَبَقُوْنَا بالإِيـْمَانِ* وَلاَ تَجْعَلْ فِيْ قُلُوْبِنَا غِلاًّ لِّلَّذِيْنَ آمَنُوْا رَبَّنَا إِنَّكَ رَؤُوْفٌ رَّحِيْم *
عِبَادَ اللهِ، إِنَّ اللهَ يَأْمُرُ بِاْلعَدْلِ وَاْلإِحْسَانِ وَإِيْتَاءِذِى اْلقُرْبَى وَيَنْهَى عَنِ اْلفَحْشَاءِ وَاْلمُنْكَرِ وَاْلبَغْىِ يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذَكَّرُوْنَ * وَاشْكُرُوْهُ عَلَى نِعَمِهِ يَزِدْكُمْ وَاسْئَلُوْهُ مِنْ فَضْلِهِ يُعْطِكُمْ وَلَذِكْرُ اللهِ أَكْبَرُ*

Khutbah Jum’at bahasa Jawa: Pagesangan Ingkang Sae (Hayatan Thoyyibah


0 Response to "khutbah jumat basa jawi urip ingkang sae hayatan thoyyibah"

Post a Comment

MELAYANG

KLik ya..