ini

LIHAT INI JUGA YA

COBA DISINI

KLik ya..

MELAYANG





khutbah basa jawi kerugian hakiki


إِنّ الْحَمْدَ لِلَّهِ نَحْمَدُهُ وَنَسْتَعِيْنُهُ وَنَسْتَغْفِرُهُ وَنَعُوْذُ بِاللهِ مِنْ شُرُوْرِ أَنْفُسِنَا وَسَيّئَاتِ أَعْمَالِنَا مَنْ يَهْدِهِ اللهُ فَلاَ مُضِلّ لَهُ وَمَنْ يُضْلِلْ فَلاَ هَادِيَ لَهُ أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلهَ إِلاّ اللهُ وَأَشْهَدُ أَنّ مُحَمّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ
اَللهُمّ صَلّ وَسَلّمْ عَلى مُحَمّدٍ وَعَلى آلِهِ وِأَصْحَابِهِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدّيْن.
يَاأَيّهَا الّذَيْنَ آمَنُوْا اتّقُوا اللهَ حَقّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنّ إِلاّ وَأَنْتُمْ مُسْلِمُوْنَ
يَاأَيّهَا النَاسُ اتّقُوْا رَبّكُمُ الّذِي خَلَقَكُمْ مِنْ نَفْسٍ وَاحِدَةٍ وَخَلَقَ مِنْهَا زَوْجَهَا وَبَثّ مِنْهُمَا رِجَالاً كَثِيْرًا وَنِسَاءً وَاتّقُوا اللهَ الَذِي تَسَاءَلُوْنَ بِهِ وَاْلأَرْحَامَ إِنّ اللهَ كَانَ عَلَيْكُمْ رَقِيْبًا
يَاأَيّهَا الّذِيْنَ آمَنُوْا اتّقُوا اللهَ وَقُوْلُوْا قَوْلاً سَدِيْدًا يُصْلِحْ لَكُمْ أَعْمَالَكُمْ وَيَغْفِرْلَكُمْ ذُنُوْبَكُمْ وَمَنْ يُطِعِ اللهَ وَرَسُوْلَهُ فَقَدْ فَازَ فَوْزًا عَظِيْمًا، أَمّا بَعْدُ …
فَأِنّ أَصْدَقَ الْحَدِيْثِ كِتَابُ اللهِ، وَخَيْرَ الْهَدْىِ هَدْىُ مُحَمّدٍ صَلّى الله عَلَيْهِ وَسَلّمَ، وَشَرّ اْلأُمُوْرِ مُحْدَثَاتُهَا، وَكُلّ مُحْدَثَةٍ بِدْعَةٌ وَكُلّ بِدْعَةٍ ضَلاَلَةً، وَكُلّ ضَلاَلَةِ فِي النّارِ.

Kanti khutbah niki, kawula caos wasiat kagem awak kulo tuwin tumrap sedaya kadang muslim, supados kita tansah njagi saha tansah upaya  ningkatkaken takwa kita marang Allah Subkhana Wa Ta’Ala sinambi tansah ngunjukkaken panjurung donga  sahingga kita tansah kanugrahan nikmat istiqamah tuwin mantuk kanti khusnul Khotimah.

Kaum muslimin rahimakumullah
Sedaya tiang pesti tansah ngajeng2 kabegjan saha mboten ngajeng2  kasengsaran... Sedaya tiang tansah ngajeng nasib kang mujur kanti upaya maksimal sahingga kalis saking patuna,… nanging …. mboten sedaya kekarepan manungsa ing dunya waget wujud, asring munapa kang  mboten di dadi karepe dadi kasunyatan kang kedah ditampa, meski karaos pahit. Patuna  tansah ditandang. Kenyataan pahit menika disikapi kanti sikap kang benten-benten, mulai saking sikap ekstrim ngantos kang lumrah kemawon. asring sikap niki justru ndatangkaken kerugian munapa penderitaan enggal, kados dene bunuh diri, ngrusak barang, damel cindra ing badane kiambak munapa dene cidra ing sesami. Wonten ugi ingkang dipun sikapi kanti anteng, lereh, sareh tuwin  sabar. Deweke nyadari bilih patuna kang dialami ing dunya niki sanes tuna kang hakiki, mboten  kerugian kang damel kasengsaran abadi; jalaran patuna kang hakiki, kerugian kang abadi kados dene ngendikanipun gusti Allah Subhanahu wa Ta’ala :
قُلْ إِنَّ الْخَاسِرِينَ الَّذِينَ خَسِرُوا أَنفُسَهُمْ وَأَهْلِيهِمْ يَوْمَ الْقِيَامَةِ أَلاَّ ذَلِكَ هُوَ الْخُسْرَانُ الْمُبِينُ
Kandakno, “Saktemene wong-wong kang tuna injih menika yaiko wong kang gae tuna tumrap awake dewe sumebar ing kaluargane banjur nalika ing dina Kiamat.” Elinga saktemene kang mengkono wau patuna kang nyata. (QS. Az-Zumar: 15)
Kaum muslimin rahimakumullah
Patuna kang kasebutkan ing ayat ing inggil temen sampun nerangkaken  dados patuna kang hakiki… dados kerugian kang abadi…, rugi tanpa wates,... ingkang nyebabkaken getun saklawasipun…. sedih sakbanjuripun... Tuna nalika ing dina  Kiamat dados awal sedihipun.. dados wiwitan sengsaranipun,...... ...  sahingga anamung   kesaenan ingkan sampun dipun lampahi  manungsa..... ingkang saget paring pitulungan.... saget damel pepadang... ditimbang kanti timbangan kang paling adil...... paling rinci...,.. paling teliti.....    kang mboten ngandung goroh sekedik kemawon..... mboten saget tetulungan,.. mboten saget rerembugan....  mugi Allah Subhanahu wa Ta’ala nylametkaken kita sedaya saking kerugian niki.
Tuna ing dina  Kiamat dados akibat saking polah tingkah kita nalika gesang ing  dunya... Menawa kesempatan gesang niki waget kita manfaatkaken kanti sae lan maksimal,… kados mnuapa tiyang bisnis mendet manfaat saking modal usaha kang mepet banget sahingga dados  untung kang katah, mila insya Allah kita bakal kaslametkaken.


Kaum muslimin rahimakumullah
Tuna paling ala kang ditandang dening satunggaling tiang inggih menika tuna kang ditandang  agamanipun, jalaran tuna kang kados mekaten wau nyeret manungsa ing kasengsaran abadi.. kasengsatran ing akhirat.... dados musibah parah tumrap satunggaling tiyang. Kanjeng  Nabi shallallahu ‘alaihi wa sallam paring pawulang :
…  ولا تجعل مصيبتنا في ديننا Lan sira aja gawe musibah ing agamaku
Sahingga mboten wonten alesan kita andedekaken pemahaman kang awon ingkang umum ing masyarakat dados reruwet,... ananging amilah tuwin amilih sahingga mboten dados   musibah ing agama ... ingkang  anyeret wonten ing jurang-jurang kekufuran…        na’udzubillah-
Kaum muslimin rahimakumullah
Ing antarane tandanipun tiyang kang nandang  patuna kanti tuna kang hakiki.... injih menika nglerwakaken kesempatan  nindakaken amal shaleh ing pagesangan mneika,.... sahingga kesempatan menika mungkur tanpa upaya,...... sahingga ingkang pungkasanipun nalika titi wancine tumekani pati, amal kesaenan kang nate titindakke anamung  sekedik,....  kosok wangsulanipun dosanipun tumpuk undung. Gusti Allah Subhanahu wa Ta’ala ngendika:
وَالْوَزْنُ يَوْمَئِذٍ الْحَقُّ فَمَن ثَقُلَتْ مَوَازِينُهُ فَأُولَئِكَ هُمُ الْمُفْلِحُونَ وَمَن خَفَّتْ مَوَازِينُهُ فَأُوْلَئِكَ الَّذِينَ خَسِرُوا أَنفُسَهُمْ بِمَاكَانُوا بِئَايَاتِنَا يَظْلِمُونَ
“Timbangan ing dina iku pancen bener(adil), mila sapa wonge kang abot timbangan kesaenane, banjur deweke kalebu wong-wong kang untung. Lan sapa wonge kang ampang timbangan kesaenane, banjur deweke kalebu wong-wong kang tuna disebabkake deweke mlengos saka ayat-ayat Ku.” (QS. Al-A’raf: 8-9)
Kaum muslimin rahimakumullah
Tanda-tanda tiang kang tuna kados dene asring angingkari janji..., damel kerusakan ing bumi kanti nyumebarkaken syubhat lan ngumbar nafsu syahwat. ....tiyang kang tunduk banjur kepencut kesandung babagan taat kaliyan tiang-tiang kafir.....  sarta  loyal/seneng/ayup grubug ing amalan tiang-tiyang kafir,.. ing antaranipun ciri tiyang kang tuna... Alquran kanti tegas sampun paring ancaman tumindak kang njrokongkaken manungsa ing papan kekafiran.... Jalaran  tiang-tiang kafir tansah ngupaya supados kita ngumumi kados dene tumindake... nyenengi kados munapa tumindake . Allah Subhanahu wa Ta’ala ngendika:
يَاأَيُّهَا الَّذِينَ ءَامَنُوا إِن تُطِيعُوا الَّذِينَ كَفَرُوا يَرُدُّوكُمْ عَلَى أَعْقَابِكُمْ فَتَنقَلِبُوا خَاسِرِينَ
“hee wong-wong kang iman, menawa sira nuruti akehe tumindake wong-wong kang kafir iku, yekti njongkrongkake sira (ing kekafiran), banjur sira kalebu wong-wong kang rugi.” (QS. Ali Imran: 149)
Kaum muslimin rahimakumullah
Kalebet wong-wong kang rugi ing dina Kiamat injih menika ngibadah marang gusti Allah Subhanahu wa Ta’ala nalika angsal  anugerah kesaenan kemawon, nalika tentrem, nalika makmur tuwin nalika  deweke ngibadah marang Allah Subhanahu wa Ta’ala kanti kekarepan imbalan kesaenan duniawi. Allah Subhanahu wa Ta’ala ngendika,
وَمِنَ النَّاسِ مَن يَعْبُدُ اللهَ عَلَى حَرْفٍ فَإِنْ أَصَابَهُ خَيْرٌ اطْمَأَنَّ بِهِ وَإِنْ أَصَابَتْهُ فِتْنَةٌ انقَلَبَ عَلَى وَجْهِهِ خَسِرَ الدُّنْيَا وَاْلأَخِرَةَ ذَلِكَ هُوَ الْخُسْرَانُ الْمُبِينُ
“Lan ing antarane manungsa ano kang anyembah gusti Allah ing pinggir;... mila nalika angsal kesaenan deweke jejeg,.. ananging saknalika deweke nandang musibah, deweke mungkur. Temen tuna deweke ing dunya tuwin ing akhirat. Kang kaya ngono mau tuna kang nyata.”                 (QS. Al-Hajj: 11)
Termasuk  ugi tuna yaiku tiang kang supe kanti banda tuwin kaluarga sahingga mboten nindakkake pangibadahan marang Allah subkhana wata’ala.
tasih katah sanget ayat-ayat Alquran kang mbeberkaken patuna kang hakiki kang anyebabkaken kasengsaran ing akhirat. Niki arupi pepiling tumrap kang muslim mboten nandang patuna kang nyeret wonten ing lembah kasengsaran ing akhirat.
Akhiripun, kita anyuwun gusti Allah Subhanahu wa Ta’ala tansah mupakara lan anylametkaken kita saking kerugian-kerugian.
أَقُوْلُ قَوْلِي هَذَا وَأَسْتَغْفِرُ اللهَ لِي وَلَكُمْ وَلِسَائِرِ المُسْلِمِيْنَ وَالمُسْلِمَاتِ فَاسْتَغْفِرُوْهُ إِنَّهُ هُوَ الغَفُوْرُ الرَحِيْمُ







Khutbah Kedua:
أَحْمَدُ رَبِّيْ وَأَشْكُرُهُ، وَأَشْهَدُ أَنْ لَا إِلَهَ إِلَّا اللهُ وَحْدَهُ لَا شَرِيْكَ لَهُ، وَأَشْهَدُ أَنَّ نَبِيِّنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ.
Kaum muslimin rahimakumullah
Sak sampune kita sumerep babagan tuna kang hakiki? Mila kepripun usaha kang waget damel  kabegjan hakiki?
Jawabanipun  sampun dijelaskaken ing Alquran kanti penjelasan gamblang ing Alquran surat al-A’ashr.
Ing ayat sanes dipun jelaskaken rambu-rambu bisnis kang damel keuntungan sarta dijamin mboten nandang tuna.. Allah Subhanahu wa Ta’ala berfirman:
يَاأَيُّهَا الَّذِينَ ءَامَنُوا هَلْ أَدُلُّكُمْ عَلَى تِجَارَةٍ تُنجِيكُم مِّنْ عَذَابٍ أَلِيمٍ . تُؤْمِنُونَ بِاللهِ وَرَسُولِهِ وَتُجَاهِدُونَ فِي سَبِيلِ اللهِ بِأَمْوَالِكُمْ وَأَنفُسِكُمْ ذَلِكُمْ خَيْرُُ لَّكُمْ إِن كُنتُمْ تَعْلَمُونَ
“He wong-wong kang  iman, apa sira gelem ingsun duduhke dalan perniagaan kang nyelametkake sira saka azab kang perih? (yaiku) sira iman marang Allah dan Rasul-le banjur  jihad ing dalan Allah kanti banda lan nyawa ira, iku kang luwih becik kanggo ira menawa ira ngerti.” (QS. Ash-Shaff: 10-11)
Allah Subhanahu wa Ta’ala uga ngendika:
إِنَّ الَّذِينَ يَتْلُونَ كِتَابَ اللهِ وَأَقَامُوا الصَّلاَةَ وَأَنفَقُوا مِمَّا رَزَقْنَاهُمْ سِرًّا وَعَلاَنِيَةً يَرْجُونَ تِجَارَةً لَّن تَبُورَ
“Saktemene wong-wong kang ajeg anggone maca kitab Allah lan nindakkake shalat lan sedekah saking  rizki kang Kawula anugerahkaken tumrap deweke kanti tidhem-tidhem  lan terang-terangan, deweke ngarep2 perniagaan kang ora tuna.” (QS. Fathir: 29)
Kaum muslimin rahimakumullah
Mekaten seperangan saking  jawaban2,  langkah-langkah kang bisa katempuh sahingga kalis saking patuna ingkang pungkasanipun angsal kabegjan kang hakiki. Sok sintena kang mlengos tuwin nglerwakaken cara kang wus kaatur dening gusti pangeran, patuna kang hakiki pesti ditandang sahingga deweke ngraoskake getun kang mboten wonten pungkasan. Mugi2 kita tansah wonten ing dalan hidayah Allah Subhanahu wa Ta’ala tuwin tansah istiqomah  beramal sesuai  kanti pawulang kanjeng rasulullah lan aturan saking Allah Subhanahu wa Ta’ala
إِنَّ اللَّهَ وَمَلَائِكَتَهُ يُصَلُّونَ عَلَى النَّبِيِّ يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا صَلُّوا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوا تَسْلِيماً
اَللَّهُمَّ صَلِّ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ مُحَمَّدٍ كَمَا صَلَّيْتَ عَلَى إِبْرَاهِيْمَ وَعَلَى آلِ إِبْرَاهِيْمَ، إِنَّكَ حَمِيْدٌ مَجِيْدٌ. وَبَارِكْ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ مُحَمَّدٍ كَمَا بَارَكْتَ عَلَى إِبْرَاهِيْمَ وَعَلَى آلِ إِبْرَاهِيْمَ، إِنَّكَ حَمِيْدٌ مَجِيْدٌ.
رَبَّنَا اغْفِرْ لَنَا وَلِإِخْوَانِنَا الَّذِينَ سَبَقُونَا بِالْإِيمَانِ وَلَا تَجْعَلْ فِي قُلُوبِنَا غِلّاً لِّلَّذِينَ آمَنُوا رَبَّنَا إِنَّكَ رَؤُوفٌ رَّحِيمٌ
اللهم افتح بيننا وبين قومنا بالحق وأنت خير الفاتحين.
اللهم إنا نسألك علما نافعا ورزقا طيبا وعملا متقبلا
رَبَّنَا آتِنَا فِي الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِي الْآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ
وصلى الله على نبينا محمد وعلى آله وصحبه و َمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدّيْن.
وَآخِرُ دَعْوَانَا أَنِ الْحَمْدُ لله رَبِّ الْعَالَمِيْنَ

Sumber: Majalah As-Sunnah, Edisi 06/Thn XVII/Dzulqa’dah 1434 H/Oktober 2013 M



0 Response to "khutbah basa jawi kerugian hakiki"

Post a Comment

MELAYANG

KLik ya..